Wulangan 1 Semester Genap Kelas IX Jurnalistik



JURNALISTIK

Jurnalistik tegese kewartawanan utawa tulismenulis. Jurnalistik (journalistic) saka tembung lingga "journal' tegese laporan utawa cathetan. Ing bahasa Perancis "jour" tegese dina (day), mula bukane saka basa Yunani kuna "du jourkang tegese dina, karepe kedadean iki kang diwartakake ana lembaran-lembaran tulisan banjur dicetak.

Jurnalistik bisa dingerteni saka prosese, teknik/cara lan ilmune. Saka prosese jurnalistik mujudake kegiatan golek, ngolah nulis lan nyebarake informasi kanggo masyarakat umum. Liwat media masa/kalawarti kegiatan iki dilakoni dening wartawan. Saka teknik/cara jurnalistik mujudake keahlian (ekspertise), ketrampilan (skill) nulis pawarta (berita), artikel. Kalebu ahli ngumpulake bahan kanggo martakake sawijining kedadean (reportase) lan wawancara. Jurnalistik minangka ilmu kalebu ilmu terapan kang dinamis ngetutake majune teknologi informasi lan komunikasi kang ngolah gagasan, pikiran lan informasi kanggo wong liya kanthi ancas menehi ngerti, menehi katrangan lan kanggo menehi pangaribawa (pengaruh).

Kanggo para siswa kegiyatan nulis bisa nggladhi landheping pikir. Cak-cakane pikir bisa digladhi supaya luwih tliti urut lan runtut. Kejaba iku bisa kanggo nglatih siswa supaya luwih trampil, kendel lan kritis marang kahanan apa wae. Tembe mburine yen digladhi kanthi tenanan bakal bisa dadi penulis kang mumpuni.

(Jarwan kanthi besutan saka official jurmalis group indonesia/Media Belajar Bersama tanggung jawab menjadi pernulis atau pengarang)

Karya jurnalistik bisa kapacak ing media elektronik lan uga cetak. Mligi kang media cetak kaperang dadi ariwarti (koran) lan kalawarti (majalah, tabloid).

 

Carane Maca Teks Pawarta Kanthi Becik lan Bener

Wong kang maca pawarta(berita)  ing radio utawa TV diarani penyiar, dene kang golek pawarta diarani wartawan. Maca pawarta bisa dadi sawijining pengalaman kang nyenengake tumrap sing maca lan sing ngrungokake. Bab iku bisa kaleksanan menawa anggone maca ditindakake kanthi becik.

Sajrone mahyakake pawarta, wirama bisa nuwuhake teges sing maneka warna. Sero lan lirihe swara utawa obah owahing wirama, lan cepet rindhike anggone maca bisa digunakake kanggo nandhesake isi lakune waktu, owah gingsiring kahanan, lan ngangen-angen karepe pawarta.

Nalika maca pawarta kudune ditengenake pelafalan sing trep. Solah bawa winates sajroning obahe tangan, lengen utawa sirah. Kabeh polah tingkah kasebut luwih akeh asipat menehi isyarat (sugestif) lan aja ngluwihi wates. Kanggo nuwuhake swasana kang dibutuhake sajroning maca, bisa luwih rinasa menawa disengkuyung dening praen.

Pasemon (mimik) lan wetune swara sing pas luwih bisa kanggo ningkatake swasana. Esem utawa kerute bathuk uga bisa mbiyantu pamirsa mahami karepe teks. Supaya bisa maca pawarta sing becik perlu latihan ing babagan:

1.      Wicara/vokal yaiku swara, pocapan kang cetha.

2.      Wirama, intonasi volume utawa bantering swara nyukupi, kudu nggatekake koma lan titik. Sabisa-bisa nyingkiri dialek.

3.      Wiraga utawa patrap obahing awak, busana kang laras.

4.      Wirasa kudu bisa ngerteni isine tulisan kang diwaca.

Perlu uga digatekake slarasing pamahaman ing antarane sing maca karo pamiarsa (penonton), luwih-luwih menawa maca pawarta lumantar media televisi utawa kontak langsung karo pamiarsa. Dadi, maca pawarta iku mahyakake informasi utawa pawarta lumantar maca teks pawarta kanthi lafal, intonasi, lan patrap kanthi bener.

Warna gaya (style) basa kanggo pers yaiku:

1. Style basa head line: singkat narik kawigaten.

2. Style basa lead: prasaja, ringkes.

3. Basa kanggo pawarta: ringkes, jelas, basane prasaja, familiar, positif.

4. Tajuk rencana/editorial: nggunakake tembung kita, ngajar miIkir, mangaribawani, logis analitis.

5. Pojok: humoristis, basa bisa dicampur basa jawa lan manca.

6. Basa Iklan (advertensi): narik kawigaten, ringkes, jelas, bisa nggunakake sesanti

(semboyan), ukarane ringkes (± 25 tembung).

(Jarwan Dibalik Tugas Kuli Tinta, 1994: 86)

Titikane basa jurnalistik:

1.      sederhana/prasajaa

2.      singkat, langsung ing underane masalah

3        lugas/tegas ora ambigu utawa duwe teges liya

4        jujur

5        nyenengake, nuwuhake kawigaten

6        demokratis ora mbedak-mbedakake

7        populer

8        logis/bisa dinalar

9        nggunakake kaidah bahasa baku

10    aja nggunakake dialek

11    aja nggunakake istilah asing

12    milih tembung kang bener

13    nggunakake kalimat aktif

14    ngetrapake kaidah etika

 

  1. PAWARTA

Pandom cak-cakaning perangan kang ana ing sajroning pawarta:

1.      What (prastawa/kadadean apa kang dumdi?)

2.      Who (sapa wae kang nglakoni prastawa kasebut?)

3.      When (kadadeane kapan?)

4.      Where (ana ing ngendi kadadeane?)

5.      Why (prastawa iku bisa dumadi merga apa?)

6.       How (kepiye kahanane?)

 

Coba gatekna tuladha pawarta ngisor iki apa wis nggunakake unsur 5 W+1H?

Tradhisi Ruwahan

Saben sasi Ruwah utawa Saban tumrape wong tanah jawa isih ngugemi tatacara adat tradisi Ruwahan/ Nyadran Nyekar Ziarah Kubur Doa tahlil Nyadran ana empere saka tembung Cradda (basa Sanskerta) tegese upacara pakurmatan mring leluhur. Umume tradhisi mau ditindakake ana tanggal 15 tekan pungkasane Ruwah. Wong-wong sing padha urip bebara ana kota utawa tlatah llya isih merlokkake mulih újube ziarah kubur. Malah ana saperangan pawongan sing, percaya banget Nyadran iku kaya dene "wajib". Pamrihe ora mung nyekar, ziarah kubur, /nanging ngemot piwulang luhur, amrih sing urip eling karo leluhur (sing wis sumare) yen anane anak putu asal-usule iya saka leluhur sing wis sumare.Yen nglirwakkake 'bisa kena "sanksi" social. Lali marang purwa duksina lali saka sangkán parane.

Krana kemajuane jaman Nyadran digunakake kanggo kumpulan silaturahmi Trah, arisan, ngumpulake dhuwit kas ana saperangan kanggo dana driyah shodaqoh lan kanggo aweh pambiyantu pambangunan papan pangibadahan. Nyadran ora mbedakake agamane apa, sebab nyadran wis kawengku dadi budaya bangsa. Tembunge kang asring kaprungu aran Kearifan Lokal(lokal wisdom, local genius), kawicaksanan sing becik utawa pakarti kang cerdas.

(Kabesut saka kalawarti Sempulur, no:20/IX/2007)

 

  1. ARTIKEL

Wacanen tuladha artikel/panemu kang lelandhesan kasunyatan, kapacak ana kalawarti Djaka Lodhang iki!

 

Sinau Nganggo Cara Sinaune Dhewe

Dening: Fiati Yuwaningsih

Biyen nalika sekolah, sadurunge pelajaran siswa didhawuhi nembang: siji loro telu tangane sedheku, mirengake bu guru menawa didangu... sing ngemu teges yen sinau kudu anteng. Semono uga ing ngomah menawa sinau didhawuhi bapak, ibu ana panggonan kang sepi ora pareng ngrungokake radio, omong-omongan karo kancane, apa maneh disambi mlaku-mlaku karo nonton TV apa ngrungokake musik. Kamangka ana bocah kang kanthi nonton TV, ngrungokake musik malah gampang anggone sinau.

Mula saka kuwi wong tuwa jaman saiki kudune ngerti gaya belajare anake. Miturut Prof. Ken lan Rita Dunn ing buku Belajar Dengan Hati Nurani, kabeh uwong duwe gaya belajar kang unik lan dadi ciri wancine kang sifate alami. Gaya belajar kang sifate alami iki ndadekake luwih nyaman lan hasile luwih apik tinimbang nganggo gaya belajar liyane. Saben wong paling ora duwe telung cara sinau telung warna nanging mung siji sing paling menonjol. Gaya sinau kuwi: visual, auditorial, lan kenestetik.

Gaya pasinaon visual luwih mentingke apa kang diweruhi. Dadi apa wae kang diweruhi gampang dingerteni. Ciri-cirine wong kang duwe gaya pasinaon visual ing antarane rapi, teratur, teliti, seneng nggambar utawa corat-coret, luwih seneng maca tinimbang diwacakake. Menawa ana pitakonan dijawab kanthi singkat.

Gaya belajar auditorial luwih mentingke apa sing dirungokake, cirine wong duwe gaya pasinaon auditorial: seneng ngrungokake tinimbang nonton, seneng omong dhewe wektu sinau utawa maca kanthi sora lan dheweke seneng crita.

Gaya belajar kenestetik, gaya pasinaon iki luwih mentingake gerak fisik. Wong kang duwe gaya pasinaon kinestetik sinau nganggo isyarat awake, ora bisa anteng menawa maca karo nuding tulisane, menawa ngapalake karo mlaku-mlaku.

(Kabesut saka kalawarti Djaka Lodang, no: 52, 2015)

 

Ukara Fakta lan Opini

Jujur

Dening: Sujarwo

Jujur iku kalebu bebuden kang becik. Jujur iku bares, kandha apa anane: yen putih dikandhakake putih, yen abang ya dikandhakake abang. Jujur iku ora goroh, ora ngapusi, ora mbathi, ora korupsi, ora gawe rugine liyan. Jujur iku ora duwe pamrih golek kauntungan utawa pakolih kanggo awake dhewe, kanggo keluarga utawa golongane. Wong tumindak jujur amarga duwe panganggep menawa kajujuran iku kudu diugemi lan ati nuranine pancen ora keduga menawa arep tumindak ora jujur.

Sebab-sebab sing nggiring wong tumindak ora jujur werna-werna. Tumindak ora jujur iku ana sing kanggo nutupi kekurangan. Kanggo nutupi sifat kesed, wegah tumindak, utawa ora gelem kangelan. Upamane bocah ora mlebu sekolah kandhane diliburake amarga gurune padha rapat, mangka bocah mau ora mlebu sekolah amarga durung nggarap PR. Bocah diutus wong tuwane tuku gula teh, nanging nalika mulih ora nggawa apa-apa. Jare marga dhuwite ilang, mangka satemene dhuwit mau mung kanggo jajan.

Umume tindak ora jujur iku disurung pepinginan oleh alis utawa keuntungan sing akeh, sing tanpa rekasa. Nalika ulangan bocah sekolah sok padha nurun kancane utawa mbukak buku kepekan supaya oleh biji sing apik. Supaya cepet sugih akeh pejabat sing padha korupsi. Supaya kepilih dadi wakil rakyat, utawa calon gubernur, bupati utawa walikota, calon pejabat mau padha ngobral janji-janji sing satemene calon-calon mau dhewe isih ragu-ragu apa bisa ngleksanani apa ora.

Ing kalangane para among dagang, pancen ngalem utawa ngumbul-umbulake dagangane iku wis jenengan lumrah. Pancen ya ora jujur, ning pancen ya wis mangkono iku sing jenenge pariwara utawa iklan. Wong liya kena percaya kena ora. Lha, politik sing diiklanake iku ya kaya dene barang dagangan, yen percaya ya tukuwa, yen ora ya aja tuku.

Tindak ora jujur iku bisa kedadeyan ing babagan apa bae: ing babagan jurnalistik, ing babagan ilmu, ing babagan politik, ing babagan penelitian, surve, pelaporan, pertanggungjawaban keuangan lan liya- liyane. Ing babagan olah raga utawa sport ya asring ora sportif, pertandingan sepak bola asring diterusake adu jotos. Saya-saya ing babagan kasukan utawa perjudian. Ing crita wayang lakon Pandhawa Dhadhu, Pandhawa kalah entek-entekan amarga akal licike Patih Sengkuni.

Mawas lan tumindak kang jujur iku pancen ora gampang. Manungsa tarkadhang bisa diapusi dening pikirane dhewe. Manungsa iku saya pinter, uga saya pinter olehe ngapusi awake dhewe. Pancen jujur marang awake dhewe iku ora gampang. Ya mung wong sing bisa mawas dhiri klayan obyektif, sing bisa nglimbang-nglimbang apa tumindak lan pamikire iku jujur apa ora. Sifat jujur kang sumimpen ing ati nurani iku kudu tansah diurip-urip, supaya wong tansah bisa tumindak jujur.

Akhir-akhir iki ing sekolahan-sekolahan diadani anane "kantin utawa warung kejujuran". Kantin iku ora dijaga, sapa sing arep tuku bisa njupuk barang lan nglebokake dhuwit sarega karo barang sing dijupuk mau. Kanthi mangkono para peserta didik dikulinakake mbayar apa mesthine, ora ngapusi, utawa ngurangi regane. Warung kejujuran iku uga becik kanggo nglelatih supaya para peserta didik padha jujur. Yen kejujuran iku wis tumanem ing ati nuranine sadhengah uwong, kebiasaan goroh, ngapusi, tekan korupsi mbok menawa bisa diilangi.

Ing kalangane umat Katolik yen rumangsa wis tumindak salah ana kuwajiban ngaku dosa. Ing masyarakat Indonesia umume ing riyaya lebaran ana kebiasaan apura ing apura mungguh sakabehe kaluputan. Kupat, jare "ngaku lepat", iku dadi pasugatan sing khas ing riyaya lebaran. Emane sing akeh-akeh mau mung mandheg dadi ucapan, kurang dihayati utawa didadekake sarana kanggo ngresiki ati. Yen kaluputan mau disadhari lan ora ditindakake maneh, harkat kamanungsane wong Indonesia bias mundhak dhuwur.

(Kapethik Saking: Suara Merdeka Minggu ke 2 Maret 2009)

Ukara ing wacan "Jujur" ana kang awujud perangan kasunyatan (fakta) lan perangan panemu (opini). Kasunyatan yaiku perangan utawa apa-apa sing nyata-nyata kadadeyan ing donya iki. Dene panemu utawa opini yaiku perangan sing mujudake gagasan (pendhapat) utawa panemune sawijining wong.

Tuladha kang kalebu panemu (opini)

Sebab-sebab sing nggiring wong tumindak ora jujur werna-werna. Tumindak ora jujur iku ana sing kanggo nutupi kekurangan. Kanggo nutupi sifat kesed, wegah tumindak, utawa ora gelem kangelan.

Tuladha kang kalebu kasunyatan (fakta)

Akhir-akhir iki ing sekolahan-sekolahan diadani anane "kantin utawa warung kejujuran". Kantin iku ora dijaga, sapa sing arep tuku bisa njupuk barang lan nglebokake dhuwit sarega karo barang sing dijupuk mau.

Referensi: Kartika Basa IX


Yen wis rampung mahami wacan ing dhuwur, banjur garapen Penilaian Pengetahuan ngisor iki!



Wulangan 1 Semester Genap Kelas IX Jurnalistik Wulangan 1 Semester Genap Kelas IX Jurnalistik Reviewed by Aziz on Januari 24, 2021 Rating: 5

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.