Wulangan 1 Semester Genap Kelas 7 Geguritan

 


WULANGAN 1 SEMESTER GENEP KELAS VII GEGURITAN

I.     Tegese Geguritan

Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes lan endah. Geguritan asale saka tembung "gurit", kang ateges tulisan. Geguritan iku kalebu puisi Jawa gagrak anyar, amarga ora kaiket ing aturan kaya dene tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana angen-angen (ilham/inspirasi). Geguritan mujudake karya kang sipate pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijine beda-beda. Pangangen-angen kang ana sajrone pikirane pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepake panganggit.

Kanthi mengkono, geguritan iku basane katon endah, bisa migunakake purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyane. Geguritan iku duweni piwulang kang bisa kapethik kanthi jarwakake luwih dhisik. Njarwakake geguritan iku ateges ngudhari ukara-ukara geguritan iku supaya isine bisa dimangerteni.

Titikane/tetengere geguritan:

1.Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah

2. Mentes yaiku tembunge duwe teges kang jero

3. Endah ngemu purwakanthi swara, purwakanthi sastra utawa purwakanthi basa.

4. Tembung-tembunge pilihan.

 

II.       Bab kang perlu digatekake nalika maca geguritan supaya anggone maca katon endah yaiku:

1.  Siyaga mental sadurunge munggah panggung, swasana ati lan pikiran kudu wening tumuju ing isine geguritan sing arep diwaca.

2.  Nggagapi isine geguritan sadurunge maju kudu wis ngerti isine geguritan, yaiku seneng, sedhih, keduwung, nesu, Isp.

3.  Maca geguritan ing panggung biasane kanggo wong sing lagi gladhen utawa durung tau munggah panggung, akeh-akehe ngalami dhemam panggung/ndredheg. Carane kanggo ngilangi rasa ndredheg mau kanthi unjal ambegan landhung kaping telu.

 

III.    Paugeran nalika maca geguritan, yaiku:

1.  Wicara: pocapan yaiku dhong-dhinge swara. Pamacane geguritan, pocapan (lafal) kudu cetha, ora kena groyok, rangu-rangu. Kejaba kuwi pamacane geguritan kudu bisa ngucapake aksara kanthi bener. Pocapan kang teteh lan cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung, pupaya benér anggone maca geguritan.

2.  Wirama (irama/lagu) munggah-mudhun swara, banter alon, lan cetha utawa samar nalika maca geguritan.

3.  Wirasa (penghayatan) kanggo mbedakake isine geguritan iku sedhih, seneng, semangat apa nesu.

4.  Wiraga yaiku patrap (sikap) obahing awak lan pasemon nalika maca geguritan.

 

Kagatekna tuladha geuritan ngisor iki:

Dayaning Pustaka

dening: Sri Winarti

Pustaka minangka cendhelane donya,

korining ngelmu lan pangawikan,

sanajan wujude ora mingsra,

nanging duwe daya,

agawe wasis, lantip, lan pana,

pustaka bisa dadi obor lan pepadhang,

dadi pandoming agesang,

dadi teken tumuju gebyaring panyawang,

murih wegig lan manjila,

murih jembar ing wawasan,

cecepen saliring pangawikan

kang kaemot ing kapustakan,

kabeh gegayuhan bakal kasembadan,

cedhak ing kamulyan lan kabagyan,

yen kuwagang mbabar seserepan.

(Djaka Lodang no 06 tanggal 11 Juli 2015)

Kawruh basa

Teges tembung

Tembung

Tegese

Pustaka

Buku

Korining

Lawang

Pangawikan

kawruh, seserepan

ora mingsra

ora apik

Wasis

Pinter

Lantip

Pinter

Pana

ngerti, paham

Pandoming

piranti kanggo nyumurupi arah

Panyawang

pandeleng

Wegig

pinter, kendel

Manjila

pinunjul

Dicecep

diombe sethithik

Saliring

sakabehe

Kaemot

kapacak

Gegayuhan

cita-cita

Kasembadan

kelakon

Kuwagang

Kuwat

Seserepan

kawruh

 

 

IV.    Nulis Geguritan

Geguritan iku kalebu puisi Jawa gagrag anyar, amarga ora kaiket ing paugeran kaya tembang, dene endahing geguritan iku dumunung ing;

1. Endahing ukara kang cocog karo isining karangan.

2. Pilihan tembung-tembung kang mentes lan pantes.

3. Nggunakake wirama lan basa (purwakanthi, dwipurwa, seselan, lan sapanunggalane).

Geguritan iku salah sawijining asil kasusastran Jawa modhern. Sapa wae bias gawe geguritan. Nganggit utawa ngarang geguritan iku bisa wujud ngandharake (mahyakake) pengalaman pribadi utawa nyritakake kahanan kang tinemu ing masyarakat, utawa panguripaning manungsa ing alam donya manut jaman kelakone.

Gawe geguritan sejatine gampang, ananging akeh kang kudu digatekake supaya nengsemake nalika diwaca lan gampang dipahami. Carane gawe geguritan urut-urutane kasebut ing ngisor iki:

1. Nemtokake tema utawa underaning gagasan.

Pilihen tema sing dikarepake minangka paugeran sajrone gawe geguritan supaya luwih nengsemake. Tema geguritan akeh banget. Sabisa-bisane pilihen tema sing banget nengsemake. Sawise nemtokake tema, sabanjure nemtokake irah-irahan sing ana sambung rapete karo tema.

2. Nemtokake tembung wigati (kata kunci)

Sawise nemtokake tema, sabanjure yaiku nemtokake tembung wigati lan sabanjure mekarake tembung kasebut. Upamane menawa underaning gagasan musibah banjir, sabanjure yaiku nggolek tembung wigati sing ana gegayutane karo musibah banjir kasebut upamane: keli, wedi, bubrah, mblasah, musibah, musna, ilang, lan sapanunggalane.

Tembung wigati kasebut nduweni teges sing raket gayutane karo musibah banjir. Menawa tembung wigati kasebut wis dirasa cukup kanggo miwiti gawe geguritan sabanjure kari ngrembakakake dadi ukara utawa gatra geguritan. Upamane tembung wigati siji digunakakake kanggo salarik. Bisa uga satembung wigati dadi sapada (sak bait).

3.  Migunakake lelewaning basa

Nulis geguritan nggunakake lelewaning basa, kayata; pepindhan, paribasan, sanepa, wangsalan lan sapanunggalane.

4. Ngrembakakake geguritan saapik-apike.

Sabanjure ngrembakaake tetembungan dadi geguritan kang endah. Tatanen tembung-tembung dadi sawijining geguritan sing utuh lan ana maknane.

5. Geguritan iku kudu ringkes mentes lan uga endah. Pilihen tembung sing pas sing bisa makili kaendahan lan uga teges kang mentes. Supaya rerangkening tembung ing geguritan katon endah, bisa migunakake purwakanthi.

Purwakanthi/runtuting peranganing(bagian) tembung ana warna 3 yaiku:

1. Purwakanthi guru swara

Tuladha purwakanthi swara:

ana sega ana upa (runtuting swara a)

gemi, setiti, ngati-ati (runtuting swara i)

2. Purwakanthi guru sastra

Tuladha purwakanthi sastra:

ririh ruruh rereh (runtuting konsonan r lan h)

bibit, bobot, bebet (runtuting konsonan b lan t)

3. Purwakanthi guru basa/lumaksita (runtuting tembung)

Tuladha purwakanthi lumaksita:

para mudha, mudha mudhining nagara (runtuting tembung mudha)

bayem arda, ardane ngrasuk busana (runtuting tembung arda)

Referensi: Kartika Basa Kelas VII


Yen wis rampung mahami materi, banjur garapen Penilaian Pengetahuan ngisor iki:


Wulangan 1 Semester Genap Kelas 7 Geguritan Wulangan 1 Semester Genap Kelas 7 Geguritan Reviewed by Aziz on Januari 26, 2021 Rating: 5

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.