Wulangan 2 Semester Genep Kelas 8 Tembang Macapat: Pangkur

 


Wulangan 2 Semester Genep Kelas 8

Tembang Macapat: Pangkur

 

Tembang Pangkur kalebu tembang macapat. Ana panemu, yen tembung macapat saka pamacane papat-papat. Karepe, yen nglagokake pamedhote gatra wiwitan tiba wanda kang angka papat. Adhedhasar lagu gendhing uga dijarwani, macapat wancahan saka mat lan pat. Karepe, tembang iku yen dilagokake ing gendhing nganggo wirama(mat) papat-papat, lire saben sak wirama isi patang wanda(suku kata). Tembung pat nuduhake marang cacahing tandha diakritis(sandhangan) sajroning aksara Jawa sing jumbh sajroning tembang macapat.

Semaken Tembang Pangkur ing ngisor iki!

Pangkur

Satru sekti saya ndadra

pangrenahe kalangkung mbebayani

wus nrabas ing dhusun-dhusun

yeku inuman keras

narkotika obat teler sabu-sabu

sabarang tindak maksiyat

iku kabeh den singkiri.

 

Tembang Pangkur iku kalebu Tembang Macapat kang kaiket mawa paugeran-paugeran tartamtu, yaiku:

a.       Guru gatra, yaiku cacahing gatra (larik) saben sapada (bait).

b.      Guru wilangan, yaiku cacahing wanda(suku kata) saben sagatra.

c.       Guru lagu, yaiku dhong-dhing utawa tibaning swara ing pungkasaning gatra.

 

Saka paugeran kasebut mula bisa dideleng menawa lembang Pangkur nduweni paugeran kaya ngene:

a. Guru gatrane           : 7

b. Guru wilangan        :  8, 11, 8, 7, 12, 8, 8

C. Guru lagu               : i, u, a, u, a, i

 

Kawruh Basa

- satru tegese mungsuh.

- sekti tegese duwe kaluwihan sing ngungkuli kodrat.

- ndadra tegese ndadi, ngambra-ambra.

- pangrenahe tegese reka-rekane, pangapusane.

- klangkung tegese sansaya.

- nrabas tegese nlasak, nembus

- yeku tegese yaiku.

- sabarang tegese kabeh.

- tindak maksiyat tegese tumindak ina.

- densingkiri tegese di adohi, disingkiri.

 

Gancarane Tembang Pangkur ing ndhuwur iku:

Mungsuh kang sekti saya ndadi utawa ngambra-ambra, rekadayane sansaya mbebayani. Wus nlasak utawa nembus (mlebu) ing dhusun-dhusun, yaiku inuman keras, narkotika, obat teler (obat kang njalari mabuk), shabu-shabu lan saakehing tumindak maksiyat. Iku kabeh becike disingkiri.

 

Dene piwulang kang bisa kajupuk saka tembang Pangkur ing ndhuwur iku yaiku:

a. Awake dhewe kudu waspada marang bab-bab kang bisa dadi mungsuh ing panguripan.

b. Aja gampang kena pambujuk kang bisa gawe rusak.

c. Manungsa kudu nyingkiri tumindak maksiyat.

 

Pangkur

Mingkar-mingkuring angkara

Akarana karenan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih ketarta pakartining ngemu luhung

Kang tumrap neng tanah Jawa

Agama ageming aji

 

Jinejer neng Wedhatama

Mrih tan kemba kembenganing pambudi

Mangka nadyan tuwa pikun

Yen tan mikani rasa

Yekti sepi asepa lir sepah samun

Samangsane pasamuwan

Gonyak ganyuk nglelingsemi

 

Nggugu kersane priyanggga

Nora nganggo peparah lamun angling

Lumuh ingaran balilu

Uger guru aleman

Nanging janma ingkang wus waspadeng semu

Sinamun ing samudana

Sesadon ingadu manis

(KGPAA Mangkunegara IV; Wedhatama)

Tegese Tembung:

1. Mingkar-mingkur : ngedohi

2. Angkara      : watak kang ora becik, sipat sarak, angkara murka

3. Akarana       : amarga

4. Karenan       : seneng, kepengin

5. Mardi          : mulang

6. Siwi             : anak, suta, atmaja

7. Sinawung    : diwujudake

8. Kidung        : lelagon, tembang

9. Sinuba         : diurmati banget

10. Sinukarta   : diaji-aji, dipepetri

11. Mrih          : supaya

12. Ketarta      : kasembadan, kelakon

13. Pakarti       : tumindak, panggawe, pagawean

14. Luhung      : luhur

15. Aji             : utama

16. Jinejer        : ditulis, dicritakake

17. Wedhatama : araning kitab, buku

18. Kemba       : kurang

19. Kembenganing : kandhutaning, isining, kebaking

20. Pambudi    : pakarti, pengerten

21. Nadyan     : senajan

22. Tan            : ora

23. Mikani       : ngerteni

24. Yekti         : mesthi

25. Asepa        : sepa

26. Lir             : kaya, kadya

27. Sepah        : sepahan

28. Samun       : kaya

29. Pasamuwan : pepanggihan, kumpulan

30. Gonyak-ganyuk : nyuk-nyukan ora nganggo tata krama

31. Nglelingsemi : ngisin-isini

32. Karsa         : karep

33. Priyangga  : pribadi, dhewe

34. Nora          : ora

35. Peparah     : petung, kira-kira

36. Lamun       : menawa

37. Angling     : omong, ngendika

38. Lumuh       : lumrah

39. Ingaran      : diarani

40. Balilu         : bodho

41. Guru aleman : mung kepengin dialem

42. Janma        : manungsa, wong

43. Waspadeng : waspada ing

44. Semu         : tandha, lambang, glagat

45. Sinamun    : disamun, ora diketokake

46. Samudana : ethok-ethok, ora ngetarani

47. Sesadon     : ngendikan, arep-arepan

48. Ingadu       : diadhepi

49. Manis        : becik

 

Gancarane Tembang:

1.   Ngedohi sipat sarak (angkara murka) amarga kepengin mulang anak, piwulange diwujudake ing tembang kang diurmati lan diajeni, supaya pakartine direrengga kanthi ngelmu kang luhur kang ana ing tanah Jawa, agama (kapercayan lan pitutur luhur) kang diagem/dienggo yaiku kang utama.

2.   Wus ditulis ing buku Wedhatama, supaya ora kurang kandhutaning pakarti, senajan wis tuwa lan pikun, yen ora ngerti ing rasa unggah-ungguh, mesthi sepi kaya sepahan, nalika ana pepanggihan, nyuk-nyukan ngisin-isini (tumindake ora nganggo tata krama).

3.   Nggugu karepe dhewe, ora nganggo petung menawa micara (ngendika), lumrah diarani bodho mung seneng golek alem, nanging wong lang wus ngerti glagat (pralambang) bisa ndhelikake rasane (ora diketokake), menawa arep-arepan (ngendikan) diadhepi kanthi becik.

 

Isi lan Piwulang Ing Tembang

Sawijining karya sastra lumrahe ngemu pitutur kang bisa dituladha dening sapa wae. Tembang Macapat uga minangka salah sawijining wujud karya sastra. Mula kang lumrah ing Tembang Macapat iku uga ana piwulang, tuladha tumindak utama, utawa pesene panganggit (penulis) marang sapa wae kang nembangake utawa kang ngrungokake tembang kasebut.

Tembang Pangkur ing ndhuwur iku mesthi uga ngemu isi kang migunani tumrap sing maca, nembangake utawa kang ngrungokake. Dene isine Tembang Pangkur kang kapethik saka Serat Wedhatama ing ndhuwur yaiku:

1.      Dadi manungsa kudu ngedohi sipat sarak (angkara murka) apa maneh menawa seneng mulang putra.

2.      Pakarti iku kudu direrenga kanthi ngelmu kang luhur.

3.      Pituture agama kang utama kudu bisa ditindakake.

4.      Manungsa iku (enom, tuwa) menawa tumindak kudu nganggo unggah-ungguh.

5.      Wong micara kudu nganggo petung ora nggugu karepe dhewe.

6.      Aja seneng golek alem banjur ora ngerti suba sita.

7.      Dadi wong kudu bisa ndhelikake rasa, ngadhepi wong liya tetep kanthi ulat kang becik.


Yen wis rampung anggonmu mahami Wulangan ing dhuwur, banjur garapen pitakonan ngisor iki: 

 

Wulangan 2 Semester Genep Kelas 8 Tembang Macapat: Pangkur Wulangan 2 Semester Genep Kelas 8  Tembang Macapat: Pangkur   Reviewed by Aziz on Februari 23, 2021 Rating: 5

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.